Gadis
Desa
Kelompok :
- Adam Iqbal S. (01)
- Alifa Karisma (02)
- Cindy Rosalina
- Resti Widayanti (19)
- Silvia Vetta M. (28)
Ing
sawijining desa, ana kembang desa sing ayu banget. Jenenge Alifa.
Alifa pengen banget ngadu nasib ing Surabaya. Alifa banjur njaluk
ijin menyang ibune.
Alifa
: “Bu, napa angsal kula tindak menyang Surabaya?”
Ibu :
“kowe kate lapo nduk menyang Surabaya?”
Alifa :
“Kula arep pados penggawean kaliyan ngerubah nasib bu.”
Ibu :
“Tapi nduk, urip ing Surabaya iku ora kaya urip ing Desa. Urip ing
Surabaya iku susah banget. Susah golek duwek.”
Alifa :
“Tapi bu, yen misale kita kerja keras, ya bisa entuk arta katah.”
Ibu :
“Aja dhisik nduk, kowe isih cilik. Ibumu iki wedi yen kowe
kenapa-napa.”
Alifa :
“Oh, inggih bu.”
Alifa
banjur ninggalake Ibune banjur mlaku-mlaku. Moro-moro, Alifa ketemu
Resti lan Silvia. Resti sengaja nabrak Alifa.
Resti :
“He, kowe nggolek masalah ta karo aku?”
Silvia :
“Kowe iku ojo nggolek masalah wae.”
Alifa :
“Oh, iyo. Aku nyuwun sepura. Aku ora sengaja.”
Resti :
“Yoweslah, saiki kowe tak ampuni. Tapi ojo dibaleni maneh loh.”
Alif :
“Iyo.”
Ing
omah, ibu bingung golek duwek. Amarga ibu duwe utang karo wong. Ibu
moro-moro kilingan Alifa.
Ibu :
“Opo aku ngijinno Alifa budal menyang Surabaya wae yo? Tapi piye
yen mengko Alifa kenapa-napa?”
Moro-moro
Alifa treko ing omah.
Alifa :
“Assalamu’alaikum Wr.Wb.”
Ibu :
“Wa’alaikumsalam Wr.Wb. Fa, opo kowe temenan pengen ngadu nasib
ing Surabaya?”
Alifa :
“Inggih bu. Kula pengen banget pados penggawean wonten Surabaya.”
Ibu :
“Tapi kowe arep tinggal ing endi?”
Alifa :
“Kula bisa ngekos utawa tinggal wonten kanca kula bu.”
Ibu :
“Yowes, Ibu ngijinno kowe budal menyang Jakarta.”
Alifa :
“Saestu bu?”
Ibu :
“Iyo fa.”
Alifa
resik-resik klambi lan pamit menyang Ibune.
Alifa :
“Bu, kula pamit rumiyin.” (karo salim nang Ibune).
Ibu :
“Iyo fa. Sing ati-ati yo ing Surabaya.”
Alifa :
“Inggih bu.”
Nyatane,
Resti lan Silvia yo budal menyang Surabaya. Resti lan Silvia teka
dhisik ing Surabaya.
Resti :
“Wah, Surabaya iku gedhe banget yo?”
Silvia :
“Iyo, Surabaya iku gedhe banget timbang desa Bojong Kenyot.”
Resti :
“Hus, kowe iki yen ngomong asal wae. Bojong Kenyot paling mek sak
upile Surabaya.”
Silvia :
:Iyo paling.”
Moro-moro,
ana gedung sing lawange ditulisi open.
Lan
ana wong Bule melbu kono.
Silvia :
“Lho mas-mas, ojo melbu ing kono.”
Resti :
“Ono opo ta Sil?”
Silvia :
“Iku loh, ana wong melbu open. Mengko piye yen gosong?”
Resti :
“Oh iyo. Mas ojo melbu ing kono.”
Moro-moro
ono wong Papua metu tekan gedung.
Resti :
“Lho kan, kowe dadi gosong.”
Silvia :
“hahaha, salahe dewe.”
Resti :
“Lha wong wes dikandani ojo melbu kono, yo ngetet wae.”
Wong
lanang sing ganteng banget moro-moro marani Resti lan Silvia.
Iqbal :
“Iku guduk oven sing gawe manasi jajan. Open
iku artine buka.”
Resti
lan Silvia mlongo ndelok gantenge wong iku.
Resti :
“Waduh sil, Surabaya iku dadakno ono malaikate.”
Silvia :
“Iyo res. Malaikate ganteng banget. Kaya Brad Pitt.”
Resti :
“Iki anake Brad Pitt paling yo? Gantenge ora ketulungan.”
Iqbal :
“haha, aku guduk anake Brad Piit. Kenalno, jenengku Iqbal.”
Moro-moro
Resti lan Silvia ngerebutno Iqbal.
Resti :
“Mas, gelem dadi bojoku gak?” (karo nggandeng tangane Iqbal).
Silvia :
“Lho? Mas Iqbal iki geleme karo aku.” (karo narik tangane Iqbal).
Resti :
“Ora iso.”
Silvia :
“Wani piro?”
Iqbal :
“Wes wes, ojo padha ngerebutna aku wae.”
Moro-moro
ana arek wedok kecopetan. Iqbal banjur nulungi wong wedok iku.
Alifa :
“Tolong....Tolong....”
Iqbal
njupuk tase tekan copet lan ngekeki nang Alifa.
Alifa :
:Matur suwun banget mas.”
Iqbal :
“Iyo, ora popo.”
Iqbal
ndeloki Alifa. Iqbal banjur tresno karo Alifa.
Iqbal :
“Kenalno, jengeku Iqbal.”
Alifa :
“Jenengku Alifa.”
Resti
lan Silvia moro-moro ngamuk.
Resti :
“AAAAAAAAAAAAA!!! Mas Iqbal jahat!!”
Silvia :
“Wes kadung seneng, dadakno kaya ngene. Nasiiib...Nasiiib.”
Bengine,
Alifa dulinan Suling. Moro-moro Iqbal teko.
Iqbal :
“Dadakno kowe iku pinter maen suling yo?”
Alifa :
“Enggak pinter banget kok.”
Resti
lan Silvia ngerti yen Alifa lan Iqbal lagi berdua-duaan. Moro-moro,
Resti lan Silvia marani Alifa kate ngamuk-ngamuk.
Resti :
“Kowe iku mesti ganjen yo? Gak ndek desa, gak ndek kene pancet wae.
(karo narik tangane Alifa).
Silvia :
“Kancane iku mbok dibagi ngunug loh. Ojo kabeh wong lanang kowe
rebut.”
Resti :
“Wes ngerti aku lan Silvia iki ora laku-laku. Mbok dikeki siji
ngunu loh.”
Silvia :
“Iyo, aku lan Resti kan opra laku-laku. Dadi mbok yo dikeki siji
ngunu loh.”
Resti :
“LHO?! Berarti awak dewe iku secar5a gak langsung ngomong yen awak
dewe elek sil.”
Silvia :
“Oh iyo yo.”
Resti :
“Wes, gapopo. Aku lanjutno ngamuke.”
Iqbal :
“kowe iku kenapa ta? Iri wae karo Alifa? Lha pancen Alifa ayu,
makane payu terus.”
Silvia :
“Tapi masyo ayu, yo biasa wae ta. Ojo ngerebutan ngunu?”
Iqbal :
“Lho? Lha sing ngerebut iku loh sopo? Wong aku dewe kok sing gelem
karo Alifa.”
Resti :
“Yo masyo ngunu, ojo genit talah.”
Iqbal :
“He, Alifa iku gak genit. Pancen Alifa ayu makane wong lanang akeh
sing seneng. Guduk amarga genit. Alifa lak ora duwe masalah ta karo
kowe. Terus kowe lapo ngilok-ngilokno Alifa terus?”
Silvia :
“Iyo yo. Alifa kan ora duwe salah karo awak dewe.”
Resti :
“Iyo pisan se. Yoweslah fa, aku ngaku salah karo awakmu. Aku njaluk
sepura sing akeh.”
Silvia :
“Iyo fa, aku pisan.”
Alifa :
“Iyo, kowe wes tak sepurani kok.”
Silvia :
“Dadi saiki awak dewe dadi kanca?”
Alifa :
“Iyo.”
Iqbal :
“Lha, ngunu lak enak ta.”
Akhire,
Resti lan Silvia nyadar yen duwe salah akeh menyang Alifa. Lan njaluk
sepura sing akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar